Sabtu, 16 Mei 2015

Tata Panembah 1 Sura



Kaweruh Jendra Hayuningrat
Paguyuban Puri Asih
Oleh Budi Siswanto

Ø  (musik gending Jawa no 1)

Timbalan Mangabekti Oleh MC I (nounsent) (Bagus Kuncoro) : Rahayu...... para sederek nunggil guru, nunggil kawruh, nunggil nusa lan nunggil bangsa..... Kuwula Bagus Kuncoro ngaturaken Sugeng dalu, sugeng rawuh soho sugeng pepanggihan malih, ing perayaan ari-adi nanggal sepisan sasi Suro, warsa Ehe , windu Sangara. Sedaya punika mratandani, bilih sak mangke kita sampun lumebet ing Warsa enggal. Sumangga kita sesarengan anglampahi gesang rukun lan guyup anggenipun pados dalan sandang lan pandhang. Kanthi sujud syukur, ngabekti soho manembah sesarengan ing ngarsane sang Pangengeran. Sak-derengipun tata adiacara kalajengaken, perlu kuwula tepangaken jejeripun para siswa utomo utawi siswa inti, lan para punggawa Jendra lan Puri Asih engkang kapitadosan medar kaweruhipun Eyang.

Engkang kawula sebat asmanipun katuran jumeneng.

1. Wakil Pinisepuh I    : Hari Supriyanto                   
2. Wakil Pinisepuh II    : Nasib Mulyono.
3. Pinisepuhipun Puri Kepatihan : Agus Rohkyanto.
4. Pinisepuhipun  Puri Khayangan : Saiful Efendi.
5. Punggawa Jendra : Budi Hartono, Dodik Dwi Cahyono.       
6. Punggawa Puri Asih : Bagus Wijaya, Iwan Sugiarista, Ogies Sadminto, Ritzky Hariyanto, Adi Purnomo, Benny Chandra.

Mekaten para rawuh.... priyayi-priyayi Kaweruh Jendra Hayuningrat ingkang kaimpun ing Paguyuban Puri Asih. 

Tata adicara candak-ipun kula aturaken dumateng sinuwun bopo Ogies Sadminto, wekdal kula aturaken....Nuwun!!.

Ø  (Musik Gending Jawa no 2)

(minangka simbol, MC I  ijolan tata manembah karo MC II)

MC II : Sugeng Dalu. Para rawuh sumangga sesarengan kita sami seba ing nanggal sepisan, sasi Sura warsa : Ehe windu : Sangara, kanthi ngaturaken pisungsung syukur kita, ingkang sampun kita pethingaken setahun lawasipun. Pethingan punika kapendet saking sedaya asil tetanen, mayanganipun para nelayan tuwin upakarya ngasta pendamelan sak-anane, soho dipun sandingi kaliyan ubo rampe sak pepak’e kagem sang Kala.

Wakil Pinisepuh I      : Sedaya sesaji tuwin ubo-ampe punika, kacawisaken minangka wujud pandonga kita para titah, pandonga ingkang dipun simbolaken mawi sesaji kados toh ; gecok mentah, gecok bakal lan gecok dadi. Kang cacahipun sapiturut kaliyan panyuwunanipun neptu dinten nanggal sepisan sasi suro, ing warsa sak-mangke dhawah wonten ing neptu wolulas (18).

Wakil Pinisepuh II : Neptu wolulas kadosdene tironipun bayi, bocah anggadahi watek soho sipat ingkang benten kaliyan bocah-bocah sanesipun, mekaten saugi kaliyan watekipun warsa, neptu wolulas tegesipun, lintange : Lintang sembulah, artosipun tiyang mayang angambah bumi (minggir/nyisir utawi berlabuh dlm bhs Ind), warnane kuning, cahyane semu ijo. Ing tahun iki bumi murah pangan, yen srengenan enggal asih, yen dongkol atine enggal kalipur. Okeh dhahulate lan sugih emas salaka, ning okeh wong kang boros marang duwit, pramila pinisepuh paring dhawuh katuran langkung gemi dateng arto.

Wakil Pinisepuh II : Okeh wong kang munggah derajat, ananging yen sembrana lan orah ngastiti, derajade panggah malah-malah lereh saka pangkate. Senadyan asring di alem dining wong liyan, ananing marang bendra utawa juraganipun asring dipun paido, mila sadaya sami sabar lan langkung nrima tumrap peparing punapa kemawon ingkang bade katrima. 

MC II : Ing dalu punika pinisepuh Puri Kepatihan tuwin Puri Khayangan ateges puri bina’anipun Puri Asih, bade Caos sesaji Gecok mentah. tegesipun : wong urip kuwi kudu bisa sak lugune utawa njunjung kajujuran anggone nglakoni urip. Wani netepi janji senajan rugi. Yen pinaringan mileh, mileho kang paling angel. Yen pinaringan gampang ora nggampangake, yen pinaringan penak ora sak pena’e, yen pinaringan seneng ora seneng-seneng.

Ø  (musik Gending Jawa no3)

MC II : Sumangga dumateng para siswanipun Puri Kepatihan lan Puri Khayangan ka’aturan ngguyupi soho ndere’aken lampahipun pinisepuh ingkang bade ngaturaken sesaji.

Pinisepuh Puri Kepatihan dalasan para siswanipun : Ngaturaken sesaji Tumpeng Robyong ulam pethentheng lajeng pinarak ing sisih tengenipun sesaji.

MC II :  1. Sekul pulen pethak awujud gunungan, ngelambangaken asta kekalih ingkang dipun tampukaken kados-dene patrapipun priyayi ingkang asemedi. Sekul pethak ugi nglambang-aken kasucian, awit sedaya tedoan ingkang dipun padhang dining brayat lan putra-wayah bade ngasilaken daging lan getih ing wadag kita sedaya. Supados kalis saking sedaya kasisahan, sakit-penyakit lan karisakan, prayoginipun kita asesuci tumrap sedaya banda-brana kita saking sedaya kasulayan.

2. Ayam pethentheng : Inggih punika ayam jago ingkang dipun masak utuh lan dipun sunduk sujen. Ulam belehan punika mratandani bilih sejatosipun siswa Jendra punika prayoginipun nyampurnaaken sedaya sipat-sipat awon ingkang dipun lambangaken kaliyan ayam jago punika. Antaranipun sipat sombong, congkak, bilih wicaturan tansah nyela-nyelo, tur kemeruh (kluruk), menang-menangan lan rumongso pinter ning ora pinter anggene ngrumangsani.

Pinisepuh Puri Khayangan : Ngaturaken sesaji Sego gurih ulam kemingkung

MC II : 1. Sekul Gurih : Sekul pulen kang dipun krawu kaliyan santen lan dibumbu sereh, sesaji punika nglambangaken priyayi ingkang nge ”reh” rasa utawi ngendaleken rasa.

2. Ayam Kemingkung : Inggih punika ayam jago ingkang dipun masak utuh lan dipun paringi kaldu santen kanil, punika nglambangaken priyayi ingkang manengkung manembah kanthi khusuk.

Wakil Pinisepuh lan Para Punggawa Jendra : (sesaji gecuk bakal, pala pedhem, pala kasimpar lan pala gumantung, obo-rampen jamasan, sekar lan sesanti lambang kelahiran/jenang panca warna, jenang sengkala, dadap srep, mawar sak gagang) lajeng pinarak ing sisih kiwanipun sesaji

MC II : Dene gecok bakal tegese, wong urip kuwi kudu eling tumrab kawitane, bebakale utawa asal-usul uripe. Murih ora sombong, ora adhigang, adhigung lan adhiguna. Tansah lembah-manah soho bowolaksono. Saugo kena kanggo pangeling-eling, dene ing jaman tebeh mangke inggi manungsa bakal mati.

Ketua Paguyuban Puri Asih dalasan para Emban, Juru Bethak/Masak : (sesaji, jenang suran, Klepon Ayu, jajan pasaran, lsp) lajeng pinarak ing sisih kiwa-tengenipun sesaji

MC II : Lah menawi gecok dadi tegesipun : mengku karep, wong urip kuwi kudu bisa dadi manungsa kang anggadahi laku becik lan laku utama.

Punggawa Jendra (Budi Hartono) tuwin Ketua Puri Asih (Bagus Wijaya) : Andum ganda arum sak sodo marang kabbeh tamu lan telong sodo marang pinisepuh Puri bina’an soho wakile.

MC II : Sahrenipun sedaya sesaji tuwin ubo-rampen sampun cumawis, sumangga kita sidhem lan nyawisaken manah, saperlu masrahaken ubo-rampe kanthi maos mantranipun ngobong dupa.

MC II & Para Rawuh : Niyat ingsun ngonbong dupa gendhaga kencana wadhahe dupa kathon gelap-puteh kukuse dupa, njeliring kuning urupe dupa, karenges, arenge dupa. Dupa kawula kuthuk-kuthukaken dumateng sinuwun Eyang Wongsodjono, dumateng ruwahe 1. ......., 2. ........., 3. ........, 4. ....... (bintek-bintek dipun isi kaliyan asmanipun para leluhuripun ingkang ngobong ganda arum)

Punggawa Jendra (Budi Hartono) & Ketua Puri Asih (Bagus Wijaya) mideraken bokor dupa

MC & Para Rawuh : “Niyat ingsun ngukup madahi Jayaning Ratu, Winadahan Cupu Kencana Mulya, Adam sumingkir Eyang Wongsojono rawuh, Kanjeng Gusti Kang Murbeng Dumadi wis ana kene” *Tabuh genta 1x  (mantra lan genta diambali kaping 3, diparingi jedah sa’antawis wekdal, amargi ngrawuhaken guru ingkang nyawiji)

Pinisepuh : (Dhawuh) “Apa kang dadi sesambatanmu ngger?”

Ø  Di iringi musik “Piluhnya Nasib Umat

Piwulang I (Bagus Wijaya)  : Biyung Pertiwi nangis, iluhe mawujud lumpur endhut kang agawe giris. Biyung Pertiwi nesu, watuk’e mawujud lindhu, agawe kabeh wong pada keplayu.

Hadirin lan kabeh siswa : Bumi yuswane wis tuwa, jare para sarjono lan wicaksana kiyamat wis arep teka.

Piwulang II (Ogies Sadminto)  : Ora, ora kaya mangkono. Sejatine kabeh kuwi mau bebendu.

Hadirin lan kabeh siswa : Bebendu?......bebendu kanggo sapa?

Piwulang II (Ogies Sadminto)  : Bendu kanggo pribadi kang tansah milik lan nggendong lali. Kang njupuk nanging dudu kagungane, kang ngunduh dudu tandurane, kang adol dudu dagangane, kang ngrusak tanpo nganggo ati.

Piwulang III (Iwan Sugiarista) : Biyung Pertiwi sambat, gumuk’e warata, gununge gundhul,  alase dha dibabat. Biyung Pertiwi gerah, wutahane banjir bandhang kang nggegirisi kadio samudra.

Ø  Musik : Natural sound ¼ suara

Piwulang III : Kamangka......, alas kang subur kuwi minangka pager...

Piwulang I, II, III, Hadirin lan kabeh siswa: Pager ring bumi, murih alam tetep lestari. (tabuh genta kaping telu)

Ø  (Musik Natural sound ½ suara)

MC II : Sumonggo kita sidem,  satemah pinisepuh bade masrahaken ubo-rampe (Tabuh genta sepisan)

Pinisepuh : (Dhawuh)

MC II : Wonten salah setunggiling pribadi ingkang asumyak mangayubagyo, lumantar kanugrahan tampi Wejangan minangka resmi dados siswanipun Kaweruh Jendra Hayuningrat.

(MC liron Tata Manembah Wejangan)      ~Hening tanpa musik~

Ø  Sound mantra AOM (Audio CD dan hadirin / audien) 1/2 suara.

Punggawa I, II, III     : Kawula sambat lan mratobat dhumateng Paduka duh Gusti kang murbeng dumadi.

Punggawa I : Punapa ta? ingkang andadosaken kawula sami nandang cecongkrahan, amitenah, nyebar sesengit dumateng para sesami kawula.

Punggawa II  : Ingkang sejatosipun, kita sedaya sami mboten mangertosi tumrab punapa kemawon ingkang  sampun katindakaken dining kita sedaya.

Punggawa II   : Duh Gusti kawula, ......ingkang Nitahaken langit kaliyan bumi. Kersaho Paduka paring pangapunten dumateng kawula lan sesami-kawula.

Wakil Pinisepuh : Sumangga kita sidhem

Ø  Musik instroment Do’aku

Renungan / Lelimbang : (Narasi di baca oleh MC, ada di halaman tersendiri)

Punggawa & Hadirin : Kawula mertobat.......(3x), mertobat saking sedaya dosa lan kalepatan kawula, kalepatan ingkang kawula seja punapa dene ingkang mboten kawula seja.

Leladi Kembul Bujana : Oleh Pinisepuh (Dhawuh) Khusus ingkang wejangan miturut neptu tironipun

Ø  Gending jawa no 7 Lir-iler (iringan gending Lir-iler ngantos bibaripun pisungsung kaideraken)

Pisungsung :

Punggawa Puri Asih (Ritzky Hariyanto) : Sumonggo Para sederek, para rawuh lan para siswa sedaya ingkang kinasih. Kita sesarengan ngempalaken sedekah sak-derma-nipun, ingkang sampu kapethingaken saking bale griya. Minangka wujud kabingahan kita dumateng gusti ingkang murbeng dumadi, supados kita pinaringan bagas kawarasan, kalis saking sambikala, yuswa widodo murih saget pepangihan malih ing warsa enggal sakpengajeng.

Jamasan (Tabuh genta kaping 3)

MC II : Jamasan punika dipun lajengaken kalian berkah suran
Kaping pisan  : Punggawa nyawisaken sekar sritaman lan sedaya ubo-rampe jamasan.
Kaping pindo : Pinisepuh Jengkar keprabon tumuju bilik jamasan
Kaping tiga  : Jamasan dipun wiwiti dining Siswa Utama, Punggawa, Emban, Tamu, Hadirin.

( Pinisepuh Jengkar Keprabon)

Pungkasan / Penutup

MC II : Mekaten para rawuh, tata adicara selamat suran ingkang saget kawula aturaken, sedayah berkah sasi suran sampun tumrah dumateng kita sedaya, supados para rawuh tansah kamomongan dining guru bathin, korinipun PURI ASIH tansah tinarbuka kagem kita sedaya.Ing saben-saben dinten Juma’at manis malem Setu pahing, Puri Asih ngawontenaken Kembul Bujana saugi kagem umun (dhahar klepon ayu), minangka mratobat kita. Supados kita kalis saking sambikala, pangawak-dursila, sakit penyakit lan kemlaratan. Matur nuwun panjenengan kersa rawuh lan seba ing mriki, nyuwun agung ing samudra pangagsami, Puri Asih ngaturaken “SUGENG WARSA ENGGAL” Gusti tansah binerkahan.......Rahayu!

Ø  Keterangan :
Pinisepuh : Budi Siswanto
Genta dan penata tempo : Arohman Arohim
Tehnisi dan Operator : Dodiek Dwi Cahyono

Sugeng Warsa Enggal
Salam _()_ Rahayu


Paguyuban Puri Asih
Acara Rutin : Pertobatan / Kembul Bujana (Makan Klepon Ayu)
Setiap Hari Juma’at Legi malam Sabtu Pahing jam 19:30 wib
Di Jln Letjen Panjahitan XII no 49 Jember     HP : 085204221242

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berikan komentar anda, like, G+, Tweeter atau apapun yang bisa meningkatkan mutu tulisan dan lebih bermanfaat bagi orang banyak.
semua komentar pasti akan di balas. Salam Rahayu!!